Pangudarasaku.....
Déning Setya Amrih Prasaja
Sun gegurit lumantar tutur kang prasaja
Nyawiji siji swarganing pandulu
Minangka tandhacakra kalaning rawi
Ngudi kawruh kanthi laku kang satuhu
Nunggal karsa, cipta, rasa lan pakarti
Nggayuh karya karyaning akarya
Sumiliring samirana, ambyuking tirta kumalasa
Lelumban lir turangga, angreksa rahayuning bawana
Tinon éndah swasana kikising samodra daksina
Rinumpaka kinanthèn pudyastawa sang Akarya Loka
Kinarya pandum pandoming rasa kumawula
Bantul praja tamansari
Rinengga kadya praja kang dinulu asri
Sumungkem, sumèlèh ngarsaning Gusti Kang Maha Suci
Tinata, titi tentrem karta kang sarwa piniji
Saéka kapti, tansah amarsudi raharjaning nagri
Kanthi asesanti mamayu hayuning ibu pertiwi
Pinuji puji rina kalawan ratri.