Sabtu, 15 Oktober 2011

materi

TANGGAPWARA
Tembung Magayubagya tegese paring palilah utawa nampa lan nyetujoni. Bisa uga ditegesi sesorah utawa pidhato kang isine paring palilah lan nyetujoni sarta nyengkuyung tandang gawe.

Tanggapwara (sambutan) yaiku ngomong ana ing sangarepe wng akeh. Nalika menehi tanggapwara, paugeran kang kudu digatekake yaiku :
a.    Ngetrepake babagan tata basal an subasita sajroning atur tanggapwara.
b.    Nggunakake tembung-tembung kang lumrah lan ora rucah.
c.    Maksud tembung-tembung kang laras lan leres.
d.    Ora nyahak wenanging paraga liyane (wong liya).
e.    Ngomong adhedhasar waton, ora mung waton ngomong.

MACA INTENSIF PARAGRAF DEDUKTIF LAN INDUKTIF
Maca intensif yaiku maca kanthi ancas bisa mangerteni apa bae isine teks, saka iku tembung, ukara lan isine paragrap. Maca intensif kudu bisa nemokake ukara baku, ing sajroning paragraph satemah bisa mangerteni kelebu paragrap deduktif, induktif utawa jinis paragrap liyane dene sing diarani paragrap yaiku perangan teks kang dumadi saka pirang-pirang ukara kang runtut, wutuh lan manunggal saha ngandharake sawijining gagasan utawa ukara baku.
Jinise paragrap yaiku :
1.    Paragrap deduktif.
Paragrap kang ukara bakune mapan ing wiwitane paragrap utawa ngarep dewe.
2.    Paragrap induktif.
Paragrap kang ukara bakune utawa ukaralajere mapan ana ing pungkasane paragrap.
3.    Paragrap campuran utawa paragrap deduktif-induktif.
Paragrap kang ukara bakune utawa ukara lajere mapan ing wiwitan lan pungkasaning paragrap. Paragrap iki nduweni 2 ukara lajer nanging mung ngambali tembung-tembunge utawa nyethakake.
Bedane paragrap deduktif lan induktif :
Deduktif     : 1. Ukara bakune ing ngarep paragrap.
    2. Ukarane saka asipat umum menyang ukara kang sipate mligi (khusus).
Induktif    : 1. Ukara bakune ing mburi paragrap.
    2. Ukarane saka asipat mligi (khusus) menyang ukara kang sipate umum.

WAWANCARA
Wawancara yaiku golek informasi saka wong liya kang diarani narasumber.
Kang perlu digatekake sadurunge nindakae wawancara :
1.    Nemtokake topik wawancara
2.    Nemtokake tujuane (informasi apa kang pengin digoleki)
3.    Nyiapake pitakon-pitakon
4.    Nemtokake sapa narasumbere
5.    Gawe janji karo narasumber, kapan lan ana ing papan ngendi anggone ketemu kanggo wawancara (amrih becike iku manut narasumber)
Kang digatekake nalika wawancara :
1.    Miwiti wawancara kanthi trep
2.    Nganggo basa kang trep
3.    Dilakoni kanthi santai (ora nggekeng)
4.    Menawa pengin valid kudu nggunakake alat perekam
5.     Pandelenge tumuju marang narasumber
6.    Aja menehi pitakon : kang wangsulane ya utawa ora
7.    Mungkasi wawancara kanthi ngaturake panuwun amarga narasumber wis menehi informasi

KAGUNAN WAYANG
Wayang iku sawijining tontonan kang wis sumrambah ing sa-Indonesia ing tanah Jawa, Bali, Sumatra, lan sak piturute.
Manut critane wayang iku kapilah-pilah dadi pirang-pirang warna, kanyata :
1.    Wayang Menak    : critane saka tanah Arab
2.    Wayang Wong    : critane saka Mahabarata

RURA BASA
Rura basa tegese basa kang salah kaprah, nanging yen dibenerke dadi ora lumrah utawa malah salah.
Tuladha :
1.    Nggodhok wedang benere nggodhok banyu. Nalika wedang iku ya uwis mateng nanging isih digodhok.
2.    Nguleg sambel benere nguleg lombok, uyah, trasi, bumbu.