Kamis, 08 September 2011

Cerkak

SAJRONING ANGKRINGAN

Setya Amrih Prasaja
  
Aku ya sarujuk, karo kekarepané bocah-bocah kuwi, nanging kepiyé manèh.....,” grenengé Prof. Lukman sajroning bathin karo nyawang spanduk-spanduk kang pating slebar ngebaki panyawang saka waliké jendéla kantor, asthané kiwa nyangking layang kabar kang pepak isi warta cacad-cinacad antarané èlit politik siji lan sijiné, kang padha nggolèk beneré dhéwé ngutak-atik salahing liyan---lali marang jejibahan kang sinanggul ana pundhaké kiwa lan tengen. Wong cilik kaya awaké dhéwé klebu aku iki mung padha dadi gedibal sandal politik lan ancik-ancik nggoné padha arep nggayuh kamulyaning diri pribadiné. Mula jeneng ora mokal yèn bocah-bocah sing kuduné padha anteng sinau malah banjur ngusang-usung spanduk, ngobong awak, bengak-bengok ;
            “Urusi pendidikan murah bagi rakyat, turunkan SPP, kampus ini kampus rakyat bukan kampus konglomerat.” Lan sakpanunggalané, kang ginelar ngebaki spanduk-spanduk lan lambé-lambé teles.
            “kringgg......kringg...kringggg....!!!.”
Prof. Lukman katon saya biru pasuryané nalika pirsa saka satpam yèn para mahasiswané kang padha nggelar démo dina kuwi kepéngin ketemu lan ngajak rerembugan kepiyé lan apa kang dadi sebab mula bukané SPP bisa saya mlejit larangé. Wektu semana uga sakjabaning kantor,  puluhan nganti atusan mahasiswa kang padha démo katon wis ora sranta selak kepéngin ketemu karo tetungguling birokrat kampus ya Prof.Dr. Lukman Prasetya, Msc  kuwi. Ana wong papat, siji wadon sing telu lanang maju nyedhaki barisaning satpam kang jaga siaga tata, sajaké padha nggenahaké, gawé kasarujukan bareng, amrih bisa disowanaké ana kantor Rektorat.
Prof. Lukman maringi idi, sakwisé satpamé kantor matur ngarsané saka purwa, madya, lan wusana. Bab anané démo kang perluné nggolèk warta alasané biaya SPP tumrapé mahasiswa anyar kok malah diundhaki.
Hidup mahasiswa, hidup rakyat indonesia, rakyat bersatu tak dapat dikalahkan”. Yel-yel tansah kumandang ambata rubuh ngebaki kahanan lan sesawangan, nguntapké lungané Fajar, Asih, Acong, lan Ucok kang arep gawé urun rembug karo pihak Rektorat.
“tok...tok...tok...!!!,
“Masuk !!!”. pambengoké swara saka jroning kantor.
**
Pak, galo unjugan kendel wis cumawis ana méja makan”. Alon swarané bu Asti maringi pirsa kang garwa. Pisan pindho pambengoké, tetep ora ana wangsulan saka Prof. Lukman, sing wektu kuwi lagi sedeku saja tenanan nggoné Maos tuntutané mahasiswa ngenani S.K. Rektor no 212/2000, sing miturut para mahasiswa dianggep mblènjani amanat pendidikan. Ya kuwi kang sinebut ing pasal 31 UUD 1945. negara nduweni kewajiban minterké rakyaté ora pilih-pilih, ora mban cindé mban ciladan, sapa  waé waton bisa lolos ujian masuk perguruan tinggi negeri (UMPTN), nduwèni hak ngangsu kawruh ana kampus negeri ora perduli kuwi anaké tukang bécak, guru, dokter, pejabat apadené presiden. Sing dibutuhké bangsa iki dudu mahasiswa sing kebak duwité nanging ya kebak utekké tegesé pinter.
“Njenegan ki ana apa ta pak, ditimbali kok mung mèndel ora awèh wangsulan”. Pitakoné bu Asti sajak gumun nyawang solah bawané Prof. Lukman kang ora kaya adat biasané. Prof. Lukman mung mèsem mireng pitakonan garwané kang kaya mangkono.
“Kéné lho buné, lenggah cedhakku kéné”. Wangsulané Prof. Lukman karo nganthi bu Asti lenggah sakcedhakké.
“Dina iki, aku lagi mangertèni jebul ora ènthèng dadi pimpinan kuwi”. Prof. Lukman unjal napas, rumangsa yèn dhéwéke kaya nemu kahanan kang siji lan sijiné rinasa padha imbang abot lan entengé. Ingatasé piyambaké mangerteni kahanan keuangan universitas kang minim---ditambah manéh akeh fasilitas-fasilitas kampus kang perlu ditambah lan dandani, kamangka subsidi pendidikan saka pamaréntah pusat tumrap universitas wis kalong malah disetop. Terus arep ditutup saka ngendi sekabèhing biaya kuwi. Wusanané pikir duwé pikir, rembug duwé rembug. Sakwisé nampa masukan lan anthuk kasarujukan saka senat universitas. Ana rong prakara kang dadi hasil kebijakané ya kuwi ; siji, SPP tumrap mahasiswa anyar diundhaké 50%. Sing angka loro duwit bèasiswa tumrap mahasiswa ditangguh mudhunké, perluné bisa éntuk tinggalan bunga saben sasiné. Mula jeneng ora mokal yèn akèh mahasiswa kang padha bingung, sebab mangertèni yèn kwitansi beasiswané tinulis sasi maret-april ning nyatané lagi bisa dicairké sasi juli-agustus. Alasané ya warna-warna.
Prof. Lukman mung gèdhak-gèdhèk sajak gumun—wong sejatiné kuwi ora becik ditindhakaké, nanging kok ya tetep dilakoni. Bebasan wong ngerti yèn tumindhak maling kuwi nistha ning tetep dilakoni baé. Kepiyé manèh ?.
“Piyé buné, aku kudu kepiyé saiki ?’. Pitakonané Prof. Lukman njaluk uruné rembug bu Asti garwané.
“Yèn aku dadi njenengan pak, luwih becik nggolèk dalan tengahé baé”.
“Dalan tengah kepiyé sing dadi panemumu buné”.
“Ya dalan tengah, kepiyé carané njenengan ora dioyak-oyak karo aliansi mahasiswa bab anané S.K. uggah-unggahan SPP kuwi mau, kanthi ngajak rembugan uga maringana pirsa, yèn S.K kuwi mau panjenengan tapak asmani, wis dirembug lan dirapataké ana ing Senat Universitas, awit saka ananing S.K. Dikti ngenani otonomi kampus. Kang surasané ngowahi status Perguruan Tinggi Negeri kang minangka instansi pendidikan utuh dadi Badan Hukum Milik Negara (BHMN), kang uga nduwèni kalodhangan ngurusi keuangan dhéwé, awit pamaréntah pusat duwé kekarepan arep nyuda subsidi pendidikan tumrap kampus kang wis di-BHMN-ke kuwi. Awit dianggep yèn kampus-kampus kuwi, kelebu kampusé njenengan, wis kudu golèk dana déné ora ngendelké subsidi saka pamaréntah”. Karo nyawiské unjugan bu Asti mbacutké nggoné ngendikan.
“Dadi bèn mahasiswa lan masyarakat ngerti saknyatané kaya ngapa, lan nang ngendi yèn arep mlayoaké aspirasiné, dudu malah njenengan sing ketiban sampur. Wong njenengan ki rak mung nyèndikani dhawuh saka nduwur ta pak”. Bu Asti tansah mènèhi semangat tumrap garwané kakung.
“Dadi panemumu, aspirasi kang ana kuwi takbalikake satengahing mahasiswa amrihé mahasiswa lan masyarakat mau mangerteni bab mula bukané ana S.K. kuwi.
“Ya bèn terang diaturké purwa, madya lan wusana apa anané”. Bu Asti mèsem karo mantuk tanda yèn sarujuk karo apa kang diaturké Prof. Lukman.
“Paling-paling mengko njenengan ditimbali ana ing rapat Senat, gedhe-gedhené bisa uga dadi sebab lèngsèré njenengan saka kursi Rektorat”. Wangsulané bu Asti kanthi ngunjal ambegan lirih.


***
Dina Senin, dina kang wis ditemtoaké antarané Prof. Lukman karo wong papat wakilé sing padha démo setu kepungkur---mbacutké rembugan. Nanging tetep baé kaya setu kepungkur Prof. Lukman ora bisa maringi kejelasan, dhéwéke durung bisa ngotak-atik apa manèh nyabut anané S.K. kuwi wektu iki.
“Kuduné, kowé kabéh nggawaa aspirasi kuwi langsung ana ngarsané wakil-wakil rakyat kang ana gedung DPR. Amarga S.K. iki nganti mudhun ya ana sebab lan musababé ya kuwi anané UU pendidikan anyar sing dadi rujukan S.K. Rektor kuwi metu. Lan S.K. iki mau bisa baé dicabut waton ana perubahan utawa peninjauan kembali bab anané UU pendidikan kang surasané ndadekaké Perguruan Tinggi Negeri nduwèni status BHMN, utawa gampangé atur otonomi kampus.” Aturé Prof. Lukman apa anané lan blak-blakané sakngarepe mahasiswa.
Kaya arep ambruk-ambruka ruang Senat Universitas mangerteni apa kang diaturké Prof. Lukman. Ana anggota sing sarujuk karo gegayuhan lan kawicaksanané Prof. Lukman, nanging ya ora setithik sing nduwèni béda pamanggih—malah nganggep yèn tumindhaké Prof. Lukman kang kaya mangkono kuwi mau, gawé jeneng ala tumrapé Birokrasi kampus.
****
Aku banjur kèlingan marang apa kang wus dingendikakaké dening mbah Sastra, pawongané wis sepuh udakara ngancik yuswa 80-an.   Nalika semana, aku lagi ngadem ana ing salah sawijining angkringan pojok gelanggang. Bengi kuwi béda, ora kaya padatan biasané. Segané kucing isih katon numpuk akèh, bakulé angkringan ya mung doplang-doplong karo udud ngentèni pelanggané.  Ya ing papan kono kuwi aku ketemu piyambaké. Jagongan bareng wong loro, karo nyruput wedhang jahé, mataku ora kedhép nyawang pawongan sepuh kuwi, iketé wulung, ngagem surjan lurik soklat sing wis katon lusuh ngana kaé. Pasuryané gawé adem sapa baé kang nyawang. Nanging ora nyamping mung katokan modhèl silat. ”Wah simbah iki deksura surjanan ya iketan barang kok ora ngagem nyamping”. Bathinku. “ning ya ra papa tinimbang nyandhang cara saiki sing ora mbejaji, jaré modèrn tur modèl malah rumangsaku saya lèhé deksura ora ngerti hakekaté wong nyandhang, ngudi bab kabusanan......ahk luwèh....”.
Mbah Sastra iki sanajan wis sepuh ing yuswa, nanging ya isih wikan ing samubarangé.
Aku uga diparingi ngerti, bab kahanan kang lagi tak rasakké sajroning aku neruské sinau ana ing pawiyatan luhur. ngendikané mbah Sastra marang aku ;
“Nak mas, niku rak mahasiswa ta, kamangka tumraping mahasiswa kados nak mas niku lagi gedhé-gedhené duwé kekarepan, lagi duwur-duwuré nduwèni idealismé. Mula simbah sing wis tua ngaten mung saged nuturi amrih nak mas ènget kalih punapa ingkang dados kewajiban sinau wonten papan ngriki. Panci leres nak mas, jer basuki mawa béya, tuk kringet sing saben dinané mili nelesi agemané tiyang sepuh kekalih, nawu eluh sajroning donga saben-saben wengi, punika lho ingkang tansah nak mas ènget. Kula nggih prihatos nyumurupi laré-laré punika bengak-bengok salebeting barisan demo. Boten wonten ingkang nglepataken tumindhak ingkang mekaten, nanging kedahipun rak mawi larasing manah kanthi menggalih ingkang prayogi. Langkung-langkung masyarakat. Gumun kula malah wonten ngriku, cobi mang penggalih nggih nak mas, ingkang badhé ngundhuh menawi kuliah awis niku  mangké sinten. Rak nggih tiyangé sepuh laré sing ajeng kuliah ta, saking tiyang sepuh setunggal lan setunggalipun menawi pun kempalaken rak saged ugi sinebat masyarakat. Lajeng negara, kapan negara niki saged dados negara ingkang maju lan pinter, menawi badhé kuliah mawon kedah ngukur boboting arta dédé kapinterané laré, lha malah kojur ta. Kamangka sakngertosé simbah, laré-laré ingkang sinau wonten pawiyatan luhur negeri mliginipun, rak kathah ingkang namung anak-anaké tani, buruh, guru, bakul, lan sakpinunggalané sanajan ta boten sakedhik ingkang putrané tiyang gadhah lan kecukupan. Awit saking peparinganipun nikmat pinter saged sinau wonten ngriku”.
”Nuwun sèwu mbah, kepareng kula munggel pangandikan simbah”. Adat biasané yèn simbah wis ngendikan, angèl nggoné arep nyetop, mengko mundhak diarani bocah sing ora nduwé tata krama. Nanging kepiyé manèh Hand Phone-ku muni, aku énthuk kabar ibuné kancaku mlebu Rumah Sakit, gawat jaré. Sakwisé tak aturaké karo mbah Sastra, gagé aku mbayar, pamitan terus bablas. Mbah Sastra katon mung mèsem nglilani lungaku, mung aturé simbah mau durung tuntas jé, ning ya ra papa muga-muga aku bisa ngerti apa kang dingendikakaké simbah. Kamangka ratu-ratuning wengi lagi katon ndadari sisih wétan kaé nyurutke cahyaning sasangka. Nambahi èndahing sesawangan kutha Yoja wayah bengi. Sajroning angkringan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar