Rabu, 07 September 2011

WARA-WARA


WARA-WARA

·        Ing basa Indonesia diarani “pengumuman”.
·        Tembung wara-wara asalae saka tembung lingga wara kang tegese gunem, banjur dirangkep utawa diambali pocapane dadi wara-wara kang ngemu teges kandha-kandha, aweh weruh utawa istilah liyane adpertensi.
·        Wara-wara yaiku aweh kabar utawa aweh weruh marang sapa bae kanthi ancas wong liya bisa mangerteni isine wara-wara kang digawe.

WUJUDE WARA-WARA
1.       Awujud lisan
Yaiku wara-wara kang dibiwarake lumantar lisan utawa swara. Padatan kagiyarake lumantar media elektronik kayata radio, TV, lan sapanunggalane.
2.     Awujud Tulisan
Yaiku aweh weruh utawa kabar marang wong liya utawa pabrayan agung kang kababar lumantar tulisan ing ariwarti lan kalawarti. Bisa uga kababar lembaran-lembaran kertas pamflet utawa poster-poster.

BAB KANG KUDU DIGATEKAKE
  • Saka sapa wara-wara kababar
  • Kanggo sapa/katujokake marang sapa wara-wara kang kababar
  •   Isi/surasane wara-wara
  • Kapan wara-wara mau kagawe
  • Upama awujud kagiyatan, ana ing ngendi, kapan lan sapa sing mandhegani kagiyatan mau
  • Kepriye

Tidak ada komentar:

Posting Komentar